KISAH PERANTAU DI TANAH YANG ASING

  KISAH PERANTAU DI TANAH YANG ASING   Pada suatu malam Sang Hyang bersabda, “Pergilah ke Timur, ke tanah yang Kujanjikan keluarlah dari kota ayahmu pergilah dari kota kakek moyangmu seperti halnya Isyana boyongan begitulah kamu akan mengenang moyangmu yang di Medang.”   Aku mengiya dalam kedalaman sembah-Hyang, sembari mengenang para leluhur, bapak dan eyang. Leluhurku adalah Sang Tiyang Mardika yang dengan kebebasannya menganggit sastra Jawa . Sementara eyang adalah pasukan Slamet Riyadi, ibunya Tumenggung, ayahnya Lurah! Bapak sendiri adalah pegawai negeri, guru sekolah menengah di utara Jawa Tengah.   Di sinilah aku sekarang, di tanah Wangsa Rajasa Tidak pernah aku sangka, tidak pernah aku minta Apa yang Kaumaui, Dhuh Gusti Pangeran mami ?! Apa yang Kaukehendaki kulakukan di tanah ini?   Belum genap semua terjawab, empat kali bumi kelilingi matahari! Pun baru purna enam purnama, saat aku tetirah di timur Singhasari, oh, aku

NALIKA AKU NGGLASAR

NALIKA AKU NGGLASAR

Sakpinter-pintere Rossi numpak brompit, wayahe ngglasar ya ngglasar.


Aku nonton motoGP awit Rossi isih neng 125cc, balapan neng Sentul. Aku uga nonton balapan liyane, Superbike, Road-Race, Isle of Man, lan sakpanunggalane. Nonton wong ngglasar kerep. Nonton wong ketenggel lan keplindhes tau. Nonton wong irunge moncrot merga ngglundhung neng dalan tau. Nulungi wong tenggelan ya wis dadi adatku.

Aku numpak motor kopling awit kelas 2 SMA, umur 15 taun. Nalika semana aku numpak motore bapak, Honda WIN100. Wis 12 taun aku numpak brompit kopling. Aku biyasane nganggo jaket kulit, sarung tangan kulit, kathok dawa, sepaton, lan helman cakil (full-face). Kuwi sandhangan wajib nalika numpak brompit, sakora-orane kanggo aku.

Rolas taun aku numpak brompit. Pengalamanku akeh  lan skill-ku wis dipercaya lan diakoni uwong. Nalika neng seminari, pas piknik, kanca-kanca dha numpak Toyota Avanza, aku dipercaya Romo Magister numpak brompit, Honda GL-100. Aku isa nyetir mobil, nanging luwih bungah atiku nalika dikon numpak brompit. Ing rolas taun iku, aku tau nyrempet mobil, uga tau disrempet mobil. Ananging, aku tetep neng ndhuwur motor, ora tiba, ora tatu. Umpama tiba, iku pas aku off-road, mblethok, melumpur, dadine tibane ora pas ngebut, mula ora lara, ora tatu. Brompite uga ora rusak.
Helm Cakil KYT RC-seven, keparut aspal (doc. pribadi).

Rolas taun aku numpak brompit, aku nate nenggel pisan. Ananging, iku pas aku numpak brompit bebek, brompit kang angel dinggo manuver lan lampune ora padhang. Nalika semana, taun 2009 aku numpak Yamaha Jupiter Z nggone adhiku. Ndilalah helm cakil lan jaket kulitku keri neng kos. Mulane aku amung nganggo helm half-face, jaketan kain, lan sandalan nganggo sandal gunung. Aku nggoncengke Gogon, kancaku. Subuh-subuh aku lewat dalan Solo-Boyolali kang nalika semana durung amba kaya saiki. Dalane isih dipara loro, jalur cepat lan jalur lambat. Sing dinggo nyigar dalan iku amung tong kang njerone isi cor-coran semen. Penerangane uga minim, alias peteng biyanget. Saka lawan arus, mobil-mobil wis dha ngurupke high-beam, nyulapi. Saking sulape, aku ora weruh yen dalane sigar, banjur ana tong isi cor semen. Aku nenggel kuwi, langsung semaput. Sadhar-sadhar, aku wis neng ndhuwur mobil polisi. Kelingan kancaku sing dakgoncengke, biyasane yen tenggelan ngono kuwi, sing parah sing digoncengke, aku banjur nyeluki jenenge, “Gon... Gogon... kowe isih urip apa wis mati?” Aku wedi yen kancaku kuwi mati, mergane olehku nenggel tong-cor-semen kuwi kurang luwih 80kph. “Aku isih urip,” ujare Gogon. Gogon patah tulang selangka (collarbone). Aku dhewe ngalami gegar otak ringan lan patah kuku jempol sikil tengen.

Sakploke ngalami kecelakaan iku, aku wegah nganggo helm half-face. Aku mesti nganggo helm full-face. Helm-e uga kudu sing ukurane pas karo sirahku, yaiku ukuran M. Helm favoritku KYT RC-seven. Kajaba iku, aku kerep jaketan kulit. Umpama ora jaketan kulit, minimal aku nganggo kaos lengen dawa. Aku tuku jaket kulit neng Pasar Klewer ing taun 2008. Jaket Dainese (KW), kandel banget. Njerone kaya ana kemule, dadine yen dinggo awan-awan genah sumuk gembrobyos. Sanadyan kulite amung oscar (kulit imitasi), bahane kuat. Aku uga nganggo sarung tangan kulit. Sarung tanganku iku wenehane kancaku, Agathon, merk-e Eager, ana pelindhung punggung tangane. Aku ya sepatonan nganggo boot safety-shoes. Sepatu sing daknggo minimal kudu nglindhungi tekan mata-kaki. Aku nganti nduwe papat, sing siji wis keciliken, sijine rusak (jebol). Yen ameh golek boot murah ning apik, saranku, golek neng Magetan. Sepatu boot-ku sing saka Magetan iku isih awet, sanadyan uwis daknggo blasakan tekan ngendi-endi. Ya, paling wingi kuwi mung njahitke sol-e thok meneh. Ning, sepatu sing saiki gawene daknggo ki sepatu jebolan pabrik. Kancaku, Septian, kerja neng pabrik, ngedol sepatune, Safety-Jogger (SJ). Sepatune penak tenan, nyaman, kuat, lan wanteg. Aku seneng... uga merga ana tulisane “SJ”... ben dikira misionaris Yesuit... ha...ha...ha... .

Sakploke nenggel tong iku, prioritas utamaku nalika numpak brompit yaiku safety-first. Kajaba safety-gear sing daksebutke iku, aku ajar safety-riding lan ngasah skill-ku numpak brompit. Soal keplek miring, hard-breaking, off-roading, trabas, lan maca situasi aku wis bisa. Pengalamanku wis akeh. Aku lan Honda NMP 2012-ku wis njelajah punjul saka 67.000km. Riding esuk-awan-sore-bengi wis daklakoni. Riding udan-udan wis dadi favorit. Aspal oke, lemah blethok ayo wae. Maca awak ya wis bisa; saben krasa kesel, dehidrasi, ngantuk, aku mesti leren. Malah, ing teater, aku ajar jatuhan, piye carane awake dhewe tiba nanging minim injury. Pokoke aku wis bisa meminimalisasi potensi kecelakaan lan meminimalisasi potensi cedera.
Handguard remuk, gempil, lan ceklek. Berhasil nglindhungi tuas kopling (doc. pribadi).

Nanging, sakpinter-pintere Rossi numpak brompit, wayahe ngglasar ya ngglasar. Wingi, Minggu, 17 April 2016, aku keplorot ana ing daerah Pakis, Delanggu, Klaten. Sakjane aku ameh menyang Merapi, hunting foto karo wong-wong Ridetography Indonesia, eh... malah ngglasar. Embuh aku kepleset apa. Yen ora oli, ya cairan kimia werna putih mbuh apa kuwi, sing jelas lunyu banget. Jarene bapak-bapak neng sekitar kono sih bar ana trek sing numpahke cairan. Nggumunku, kok ya ora diresiki/ditutupi pasir? Aku dhewe ya pancen nganggo ban Swallow SB 117, ban dua alam, nanging ora cocok dinggo aspal teles. Pas kuwi aku deselerasi, gas dakkelongi, gigi dakdunke, aku ngerem, sinambi nggeser saka lajur tengen neng lajur kiwa. Jebule cairane iku mau lunyu tenan. Aku kelangan front-end. Ujug-ujug aku wis ngambung aspal, glasaran. Aku krasa sirahku kedhadhug aspal. Aku keseret. Aku isa weruh aspal mlaku neng ngarepku, amung visor helm full-face-ku sing ngalang-alangi. Ora let suwe sakbanjure, aku wis mengkurep neng ndhuwur aspal. Tanganku nekuk neng ngarep dhadha, nglindhungi dhadha. Aku ora gage-gage ngadek, ngrasakke sing lara sebelah ngendi wae. Dhengkul kiwaku perih, lengen kiwaku njarem. Ananging, sing penting, sirahku ora mumet. Isih mengkurep, aku mengo mangiwa,aku nyawang ana bis wis mandheg kurang luwih 7m saka aku mengkurep, kabeh kendaraan liyane uga mandheg. Aku banjur mengo manengen. Kurang luwih 5m sisih tengenku, motorku wis ngglasar mangiwa. Mesine isih murup. Bensine rembes saka tutup bensin (tutup bensine Honda ki cen elek). Kontak banjur dakpateni. Ana bapak-bapak nulungi aku ngadekke brompitku. Abot, sambate. Standar-e NMP iku abote 136kg. Motorku mungkin tembus 140kg punjul, wong wis dak-modifikasi dadi motor ADV. Brompitku banjur dipinggirke ana sisih dalan, pas neng ngarep warung. Aku age-age tuku Betadine ana ing warung iku.

Nyawang aku ora pa-pa, bapake mau banjur pamit nerusake laku. Aku nyalami, ngucapke matur nuwun marang bapake iku, bojone, lan anake sing isih cilik. Anak-e iku ora gelem nyalami aku merga keweden, mungkin weruh anggonku glasaran. Bojone lan anake jilbaban, aneng motorku dhewe ana salib. Tulung-tinulung iku ora perlu takon bab agama. Sing nulung aku ya mung bapake iku mau. Padhahal neng cedhak kono, nggonku ngglasar, ana Pos Polisi Lalu Lintas, ya ana pulisine, nanging pulisine blas siji-sijia ora ana sing mara. Mungkin yen aku keplindhes bis-e mau, pulisine lagi gelem mara.

Saklungane bapak sakanak-bojone iku, aku ngecek meneh tatuku apa. Helm full-face KYT RC-seven wis dakuculi. Ngarepane keparut aspal. Bayangna yen aku mung nganggo helm half-face... teneh ilang bagusku. Sarung tangan kulit Eiger dakcopot. Pelindhung punggung tangane keparut, nanging blas ora suwek. Jaket Dainese KW dakcopot, sebelah sisih kiwa ana parutan, bukti yen aku ngglasare sisih kiwa. Nanging jakete iku kuwat, ora suwek, kajaba parutan iku. Sepatuku sisih kiwa uga ana bekas parutan aspal. Sing parah malah kathokku. Aku ora seneng nganggo jeans, merga lakangku tau lecet gara-gara kathok jeans. Biyasane aku nganggo kathok kargo, ning wektu iku aku amung kathokan kain. Kudune aku ya nganggo dheker, ning dhekerku sempal, mulane ora daknggo. Kathokku kain suwek neng bagian dhengkul sisih kiwa. Dhengkul kiwaku pancen godres getih. Kulite nglonthok, nempel neng kathok. Banjur dak-Betadine nggo sementara. Sikut tengenku uga lecet, nanging amung cilik; uga dak-Betadine. Lengen kiwaku njarem. Mungkin pas tiba lan ngglasar, kanteb awakku. Lengen kiwaku amung dakbalsemi nganggo Geliga. Untunge kok aku tansah nggawa P3K.
Dhengkul kiwa godres getih. Kudune nganggo dheker (doc. pribadi).

Rampung ngurusi awak, aku nyawang brompitku. Brompitku jane ora rusak parah. Tatu parut amung neng headlamp (nanging dudu neng kaca mikane) lan aneng reting kiwa. Slebor tril ngarep uga ana tatu parute, nanging merga bahane elastis, tatune ora parah, uga ora ceklek/pecah. Yen umpama aku sida nganggo slebor Kawasaki ZX130, ketoke wis pecah. Tuas persenelengku bengkong. Handguard kiwaku remuk, ceklek. Untunge kok aku nganggo handguard, dadi sing remuk handguard-e, dudu tuas koplinge. Tuas koplinge amung tatu parut sithik, ora ceklek utawa bengkong. Sing parah ya side-box-ku. Givi E22 sebelah kiwaku pecah lan kuncine (sistem monokey) rempal. Pecahe pas sambungan plastike. Aku wis mbatin, bahane Givi E22 ki ringkih, luwih kuwat bahane E20 lan E21. E22 mung menang tampilan thok. Jebule tenan, pecah, ning ora ambyar. Barang-barangku isih neng njero, ora sumebar. Ana tatu parut jero banget nganti plastike bolong. Jan bolong! Njur setangku kiwa bengkong. Sing aku nggumun, shroud-e NMP blas ra tatu. Skotlet motif geni karyane Padma Kuntjara blas ora rusak, berarti shroud-e ora kena aspal. Mungkin kuwi apike nganggo side-box/pannier, kajaba nggawa barang ora repot, nalika ngglasar, bodi motor ora langsung ngantem lemah/aspal. Sing kekantem side-box/pannier-e sik. Sikilku uga ora kejepit brompit. Umpama aku ora nganggo side-box, sikilku mungkin wis kejepit brompit, banjur keseret brompit, lan cederaku luwih parah.

Banjur, aku njupuk peralatan dinggo penanganan pertama. Kunci letter-L dakjupuk dinggo nyopot sisane hand-guard kiwa sing ana neng setang. Gunting daknggo ngethok kabel lampu saka handguard. Jaring karet sing biyasane daknggo nggawa tas/helm daknggo nguwatke side-box kiwaku sementara, apa meneh side-box kiwaku wis ora bisa dikunci, wong kuncine rempal mbuh nyang ndi. Kasanu aku mulih nyang Sala, ra sida nerusake laku.

Tekan omah, aku ngrawat tatuku meneh, banjur mbenakke brompit. Sistem braket sisih kiwa rada mleyot, marai angel mbukak kunci jok. Pertama, ya ndandani kuwi sik. Mas Yudhi mara, nulungi aku ndandani braket. Karo Mas Yudhi, tuas perseneleng sing bengkong diluruske meneh. Handguard tengen sing isih apik dakcopot sisan. Saiki kari mbenakke setang kiwa sing bengkong. Temtu aku langsung menyang bengkel langgananku. Masalahe, omahku ki Sala, lha bengkel langgananku ana ing Sukoharjo. Sala-Sukoharjo iku 20km! Arjun teka mara, banjur ngancani aku nglebokke brompitku neng AHASS langgananku iku. Tekan nggone, kepala mekanike marani aku. Aku crita apa anane, sambat, apa kudu ganti setang. Jarene kepala mekanike, ora perlu ganti setang, ameh dijajal di-bending sik. Matur nuwun, Mas Yudhi... matur nuwun Arjun... matur nuwun bapak-bapak sing nulungi aku ngangkat brompit sanadyan abuot.






Givi E22 sempal. Bahane pancen ringkih. Luwih bakoh E20 lan E21 (doc. pribadi).

Saiki aku ameh ngresiki tatu neng dhengkulku sik. Ameh daktambani nganggo Supertetra. Muga-muga rong minggu ngkas pulih, gek ngegas meneh... nyebrang pulo. Sing kudu dakakali, sidebox-ku ameh dakpiyekke nggo sementara. Paling daktambal sik. Suk yen ana dana, tuku Givi E21 wae sing luwih murah tur bakoh.


IN HOC SIGNO EQUITO


Padmo Adi (@KalongGedhe)

Comments

  1. Jos. Ngakali side box sing jebol, liatlh punyaku, hihihi. Wes pernah ambyar, ucul dewe2. Sih iso tak enggo, nganti saiki

    ReplyDelete
  2. Walahhhh jebule,, po#### cen mbuhh mkank,aku bien nulungi wong kecelakaan lumayan parah, tak undang ke po#### ya ora gelem moro tur ora gelem nulungi jal terpaksa goleke taksi dewe.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hongib ki cen gitu... . Geleme gumbregah tumandang yen ana duit... njur ngrazia montor :P

      Delete

Post a Comment